Minggu, 09 Juni 2013

Tuladha Wacana ten Boso Jowo/ Contoh Bacaan di dalam Bahasa Jawa/ Example Story in Javanese FOR ELEMENTARY SCHOOL JAVANESE

Tuladha Wacana ten Boso Jowo/ Contoh Bacaan di dalam Bahasa Jawa/ Example Story in Javanese

(Sumber/ source: Soejono, Wahyudi.1988. Kridha Basa Jilid 4.Klaten:PTIntanPariwara.)

1) Manggen Klas Enggal

            Itak minggah kelas sekawan. Bijinipun sae, malah onjo piyambak. Sekolahanipun Itak punika sekolahan ingkang majeng, malah dados contonipun sekolah-sekolah sane sing sakiwatengenipun. Saben wonten lomba, sekolahanipun Itak temtu tumut. Adhakanipun saged nomer satunggal. Upaminipun lomba olahraga, lomba kesenian, lan cepat tepat P4. Boten nggumunaekn, sekolahanipun Itak lajeng angsal kawigatosan ageng saking Pamarentah lan ugi saking masyarakat ing sakiwa-tengenipun. Upaminipun ing babagan pembangunan.

            Sekolahanioun Itak mentas kemawon dipun yasakaken gedhung tingkat enggal dening Pamarentah, jangkep saprabotanipun. Boten naming prabot arupi meja, kursi, lan lemantun, nanging ugi praboting pasinaon ingkang arupi praboting wucalan ketrampilan, olahraga, lan kesenian. Upaminipun, mesin jait, prabotipun tukang kajeng, prabot olahraga, pianika, suling, kulintang, gamelan Jawi, angklung, meja pingpong, lan lapangan badminton.

            Taun ajaran enggal punika ing sekolahanipun Itak dipun wontenaken kepyakan gedhung tingkat enggal punika. Gedhung punika wonten tigang kelas, kangge kelas sekawan, klas gangsal, lan klas enem, itak remen sanget manggen ing klas lan gedhung enggal punika.

2) Ngingah Bebek

            Jurpi ngingah bebek. Bebekipun Jupri katha sanget. Anggenipun ngingah bebek-bebek punika taksi bayah. Sapunika bebekipun Jupri sampun ageng-ageng. Malah sampun sami ningan.

            Tetedhan bebek ingkang sae umpaminipun jagung, gaplek ingkang dipun cacah, katul ingkang dipun carup gogik ingkang dipun dang, saha keyong sathothokipun. Keyong thothokipun sae sanget kangge tedhanipun bebek, amargi thothokipun keyong punika ngemu jat kapur ingkang ndayani dhateng sampurnanipun kuliting tigan bebek. Tigan bebek ingkang kekirangan jat kapur kulitpun gembur. Supados bebek niganipun ajeg, anggenipun nyukani tedha ugi kedha ajeg, boten kenging lowong tur kedha ngantos tuwuk.

            Jupri tlatos sanget ngopeni bebekipun. Anggenipun makani ajeg tur ngatos tuwuk. Mila bebekipun Jupri lema-lema tur niganipun ajeg. Saben enjing Jupri mendheti tigan wonten ing kandhang. Jupri seneng banget. Tigan punika dipun klempakaken, sapeken sapisan dipun sade dhateng peken. Ingkang nyade ibunipun Jupri. Arta pepajenganipun tigan punika saperangan kangge tumbas pakan, saperangan kangge tumbas kabetahaning pawon, lan saperangan malih dipun celengi Jupri. Ing satunggaling wekdal Jupri criyos dhateng ibunipun, makaten, “Bu, benjing menawa arta celengan kula sampun ngelmpak katha kula badhe tumbas pit,” Ibunipun Jupri nyarujuki, wangsulanipun, “Besuk, sedheng kowe lulus Sekolah Dhasar, celenganmu mesthi wis nglumpuk dadi akeh. Celenganmu dhudhaken, banjur tukua pit. Yen torah kena koenggo tuku buku lan prabot sekolah liyane.” Jupri seneng sanget manahipun. Anggenipun ngopeni bebekipun saya tlatos lan gematos.

3) Koperasi Sekola

            Koprasi sekolah punika mbiyantu sanget dhateng para murid. Sadaya ubarampe kabetahaning pasinaon cumawis wonten ing ngriku. Kadosta: buku wucalan, buku tulis, potelot, setip, pulas, lan garisan. Kejawi cumepak, barang-barang punika reginipun langkung mirah tinimbang wonten ing toko. Awit, ancasipun koprasi boten ngemungaken pados bebathen, nanging ugi kepengin damel enthengipun para warganing koprasi.

            Wontenipun koprasi sekolahan, para murid ingkang mbethakaen ubarampening pasinaon boten perlu kesah tebih dhateng toko. Dados, boten mbucal wekdal. Wekdal sakedhik salebetipun ngaso kemawon cekap kangge tumbas barang wonten ing koperasi.

            Ingkang sami ngladosi koperasi sekolah punika para murid piyambak, sarana giliran. Lare ingkang pinuju tampi giliran jagi koprasi, ing salebetipun ngaso sami ngladosi kanca-kancanipun ingkang mbethakaen barang-barang koprasi punika. Dados, koprasi sekolah punika ugi ageng mumpangatipun minangka sarana kangge nggulawenthah para murid ing babagan gotong royong lan ketrampilan. Benjing, dumuginipun lare diwasa, upami badhe nyambut damel wiraswasta candhak kulak, lare sampun prigel, awit sampun nate ngecakaken praktek wonten ing koprasi sekolah punika.

            Mekanten menggah mumpungatipun koprasi sekolah ingkang dipun wontenaken ing saben pamulangan.

4) Pak Lura Mantu

            Dinten punika Pak Lurah Djoni Mudjiono kagungan kersa mantu. Ingkang dipun mantokaken rayinipun, inggih punika Sriningsih. Putranipun Pak Lurah piyambak taksih alit-alit.

            Wiwit kala wingi gapura ngajeng sampun dipun renggarengga asri sanget. Ingkang sami rencang para mudha ing dhusun Bangsalan Sambit ngriku. Sedaya sami cancut gemregut saeka praya mbiyantu nandangi karepotanipun Pak Lurah. Pak Lurah saha Bu Lurah priyantu blater.  Dhateng sinten kemawon srawungipun sumadherek. Sanajan taksi enem, pamomongipun dhateng bebrayan sumepuh. Mila boten nggumunaken, salebetipun Pak Lurah kagungan kersa sadaya sami nyengkuyung.

            Tempuking damel tamunipun mbludag, ngantos katha ingkang boten kemanan palenggahan. Jalaran, ingakng dhateng boten naming ingkang dipun ulemi. Sinten ingkang miring, celak punika tebih, najan boten tampi ulem sami merlokaken dhateng. Mila tamunipun ngantos amber mbalabar dumugi ing latar, mala dumugi ing margi. Tujunipun sedayu rumaos kadang piyambak, tur boten ketang lenggahipun naming ing saenggen-enggen, sadaya sami dipun bagekaken kanthi ulat sumeh lan boja krama ingkang sae. Ingkang naming mligi ninggali ringgit ugi atusan cacahipun. Dhasar lampahanipun sae, tur dhalangipun kondhang, cucut, cakut, lucu, prigel, lan mumpuni. Ageng alit, anem sepuh, sadaya sami kasengsem.

            Ing wanci mangayubagya, ingkang tinanggenah makili Bapak Sudarmanto, guru basa Jawi. Pangandikanipun teteh, trapsilanipun jangkep.

            Bombogning penggalihipun Pak Lurah sekaliyan tanpa upami. Mekanten ugi para ingkang sami rawuh, sadaya ketinggal sami kepranan ing galih. Anggenipun lelengahan ing mriksani ringgit sadaya sami nutug ngantos paripurnaning gati.

5) Tata Tentreming Kampung

            Siskamling, Sistem Keamanan Lingkungan, dados gegebenganipun para warganing RT lan RW ing bab njagi tata tentreming bebrayan. Tata tentreming kampung boten naming dados tanggel jawabipun para nara praja, nanging ugi dados tanggel jawabipun sedaya warganing kampung.

            Majenging jaman pranyata ugi dipun sarengi kaliyan majengipun tindak dursila. Pramila, majenging jaman ugi kedah dipun kantheni indhaking kawaspadan ing bab njagi tata tentreming bebrayan. Upaminipun, sarana nindakaken system keamanan lingkungan utawi siskamling punika. Cak-cakanipun siskamling punika upaminipun wontenipun rondha, pranataning kampung ingkang ngedahaken para warganing kampung yasa kenthongan, pranatan bilih tamu ingkang nyipeng kedah dipun lapuraken dhateng pangarsaning RT utawi RW, kekesahan tebih kedah mbekta serat katrangan, lan pindha alamat kedah lapur dhateng ingkang kawogan.

            Kejawi bab-ban ing nginggil punika, boten kesupen para warganing kampung ugi kedah tansah njagi kawilujenganipun piyambak-piyambak, sarana ngindhakaen pengatos-atosipun. Upaminipun, menawih gadha pit kedah dipun yasakaken kunci, ing wanci dalu cendhela lan konten kedah dipun ineb lan dipun kancing, lan boten nilar baragn glethak-glethek saenggen-enggen.

            Menawi sedaya warganing kampung sami njaga kawilujenganipun piyambak-piyambak, lan minggahipun sami gotong royong guyub rukun njaga tata tentreming kampungipun, temtu kawontenaning bebrayan tansah ayem tentrem, tebih ing raos was sumelang.

6) Tambah Brayat

            Jangkep umur pitung taun, Tuti gadha adhi. Adhinipun Tuti jaler. Sekawit Tuti dipun kinten lare ontang-anting. Pak Jaka sekaliyan, tiyang sepuhipun Tuti, remen sanget dene kaparingan tambah momongan. Sapunika putranipun Pak Jaka kalih, kedhana-kedhini.

            Yektosipun, saderengipun kaparingan tambah momongan punika Pak Jaka sekaliyan penggalihipun sakalangkung nggrantes. Siyang dalu panyuwuipun dhateng Gusti Ingkang Maha Asih, mugi-mugi kepareng paring tambah momongan. Saestu, Pangeran Ingkang Maha Asih boten kekilapan dhateng panyuwunipun Bapak Jaka saha Ibu Jaka. Sareng sampun sawatawis wekdal anggenipun nyenyuwun, Pak Jaka sekaliyan tampi nugrahaning Pangeran, kados ingakng dipun gantha-gantha.

            Putra nomer kalih punika dipun sukani tenger nama pun Nugraha Dwi Ananta. Ing pangajap, putra angka kalih punika tansah manggiha nugrahaning Pangeran ing salami-lamanipun. Sumrambahipun dhumateng Bapak Jaka sabrayat, putra angka kalih punika dadosa nugraha agung, ndayani ayem tentreming bebrayanipun Bapak Jaka sakulawarga ing salami-lamanipun.

            Salajengipun, bokbilih Gusti Ingkang Maha Agung ngijabahi, panyuwunipun Bapak Jaka sekaliyan cekap kaparingana gadhuhan putra kalih, jaler estri punika.

7) Tabanas

            Tabanas punika cekakanipun tembung Tabungan Pembangunan Nasional. Nglempakipun arta Tabanas mbiyantu sanget dhateng lampahipun pembangunan nasional, saya lancar lan saya majeng. Wragadipun pembangunan punika boten sakedhik. Arta celengan Tabanas sakedhik kalih kedhik nglempak dados katha, saged mbiyantu rancagipun pembangunan nasional.

            Arta celengan Tabanas punika wonten ing Bank noten kendel. Pamarentah ngubengaken arta celengan Tabanas punika kangge ngrancangaken lampahipun pembangunan nasional. Umpaminipun dipun sambutaken dhateng para among dagang, utawi dhateng para pengusaha ingkang mbethaken dhawewahan pawitan. Dados, sok sintena nyelengi artanipun lumantar Tabanas, ateges tumut mbiyantu mbangun negari kanthi raos boten awrat. Arta ingkang dipun tabanasaken punika, upaminipun saperanganipun arta sanguning sekolah, utawi, tumrapipun bebrayan, arta tirahanipun arta blanja ingkang dipun irit-irit.

            Arta punika lunyu, gampil kenging godha. Upaminipun, pinuju nyepeng arta wonten dhawet langkung, sanajan boten ngelak inggih lajeng tumbas. Tumrap kaum ibu, menawi wonten ideran bekakas pawon, sanajan sampun gadha inggih lajeng mborong. Beda menawi arta sampun dipun tabanasaken. Raosipun sampun boten gadha tirahan. Nanging, ngertos-ngertos sampun nglempak kathah, saged dipun pendet kangge wragad sekolah, tumbas pit, wragad ndandosi griya, lan sapiturutipun.


            Makanten menggah pigunanipun celengan lumantar Tabanas. Kejawi kangge nyekapi kabetahan ingkang dhatengipun boten kanyana-nyana, ugi mbiyantu rancaging pembangunan nasional.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar