Senin, 15 Juli 2013

Aturan Drama ten Boso Jowo/ Cara Drama di dalam Bahasa Jawa/ overral order Drama in Javanese

Aturan Drama ten Boso Jowo/ Cara Drama di dalam Bahasa Jawa/ overral order Drama in Javanese

(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri Kangge Siswa SMP. Ponorogo: MGMP Basa Jawa.)

A) Drama

            Drama kalebu kasusasteraan kang ngnadhut isi crita kaya denen kang tinemu ing gancaran (prosa). Crita ing sajrone drama iku diwedhar (dibeber) kanthi lantaran omongan pacelathone para paragane (toko cerita). Pacelathon mau digelar ing panggung kanthi manut ilining crita (alur) kang wis dirantam lang ditulis dening pangripta in naskah tulis. Naskah utawa teks mau ing jaman saiki lumrah diarani scenario. Dadi ing naskah utawa scenario iiku mau isine pituduhane pangripta, pacelathon paraga, sarta teks srta katrangan kang magepokan karo “latar/ setting” lan suwasanane panggung. Naskah teks utawa scenario iku mau ora kudu diwaca kaya denen ing cerkak utawa geguritan, nanging among minangka pedoman kanggo pagelaran ing panggung. Jalaran awujud pagelaran (seni panggung/ seni pentas), mula drama binangun saka 3 (telung) perangan, yaiku:

1) Lakon (alur). Sing diarani lakon iku satemene ya crita, isi lelakon kedadeyan, prastawa (peristiwa) kang disandhang dening para paragane. Yen kabeh crita, lelakon, kedadeyan, mau ditata utawa dirantam adhedhasar urutan wektu, mula banjur diarani alur.

2) Paraga (tokoh). Paraga iku wong kang di dhapuk ngayahi jejibahan maragani, nindakake lelako kaya kang wis dirantam dening pangripta utawa sutradara. Pangripta lan suttrada iku satemene ora padha. Sing diarani sutradara iku ora kudu pangripta, nanging sapa bae kang mandhegan, mangrasani, sarta nata lakune pagelaran , kena diarani sutradara. Mula saka iku sutradara wenang milih paraga, wenang maringi pituduh marang kabeh paraga. Milih paraga iku diarani :casting”. Pamilihe paraga kudu trep karo watake paraga ing crita. Casting iki dadi perangan kang penting. Milih paraga iku ora gampang, during mesti sepisan milih banjur cocog karo watake paraga ing crita.

3) Pacelathon (Dialog). Pacelathon utawa dialog ing drama iku kena diarani perangan kang baku. Ing pacelathon (dialog) iku ngemot cerita utawa kena diarani yen lelakon kang digawe crita iku manggon ing pacelathon iku. Mula saka iku pacelathon (dialog) iku kudu ngetrepi 2 (rong) perkara. Sepisan, pacelathon kudu bisa nggambarake lelakon utawa prastawa, solah bawa lan wewatakane paraga kanthi becik. Kang kaya mangkene ini diajab bisa nuntun pangangen-angen (imajinasi) para kang maca utawa kang nonton pagelaran. Kapindho, tetembung utawa ukara kang digunakake ing pacelathon (dialog) prayogane nggunakake basa padinan (bahasa sehari), prasaja (tidak  bertele-tele) tur mentes, sarta ngedohi tetembungan kang muspra (tanpa guna). Kanthi mangkono para paraga kanga rep maragakake pagelaran bisa kanthi gampang anggone ngapalake utawa mangerteni wos (isine) crita. Ing pagelaran iki, mengkone wis ora oleh nggawa tulisan/ teks, nanging, apalan utawa improvisasi. Yen improvisasi, ateges pacelathon wis ora padha karo sing ana ing naskah, nanging isi/ wose pacelathon tetap gegebengan (berpedoman) karo kang ana ing naskah.

B) Prolog, Solilokui, Aside, lan Epilog

1) Prolog. Prolog iku perangane naskah. Teks drama kang ditulis ing perangan awal. Prolog iku isine katrangan utawa panemune pangripta ngenani crita sing arep di rembug (diulas). Kattrangan mau bisa arupa masalah, gagasan, piweling (pesan), lakon sarta mula bukane keddeyan crita mau. Kanthi katrangan mau ing pangajab bisa nambahi gamblange para kang maca utawa nonton pagelaran mau.

2) Solikul. Solikul uga minangka perangane naskah/ teks drama kang mujudake wedharane pikiran, gagasan lan perasaan/ rasa pangrasane sawijining paraga kang diucapake utawa diwedharake maragn dheweke dhewe. Pangucap utawa pamedhare rasa pangrasa mau bisa ditindakake nalika dhewekan (ora naa paraga liya).

3) Aside. Aside uga minangka perangane naskah/ teks drama kang diucapake dening salah sawijining paraga (tokoh) ang ditujokake langsung marang kang nonton. Ing kahanan iki paraga liya kang ana ing pagelaran dianggep ora ana omah utawa dianggep ora krungu. Tembung, aside iki tegese mlengos/ noleh. Dadi nalika ngupacake ukara utawa tetembungan mau kanthi car anole mlengos saka paraga liyane ing panggung kono mau supaya apa kang diuacapake mau bisa ditampa langsung dening penonton.

4) Epilog. Epilog lumrahe ngemot dudutan (kesimpulan) lan uga nasehat utawa pititur marang para kang nonton. Nanging ing jaman saiki epilog iki bisa ora ana, utawa diilangi. Kang kaya mangkene iki mengku karep, yen penonton iku wisp inter lan ora gelem di wulang wuruh dening sapa bae. Mula penonton di wenehi kalodhangan (kabebasan) ngundhuh piwulang saha lelakon kang ditonton saka pagelaran drama mau.

C) Watake Paraga

Saben-saben paraga kagn ana ing drama iku diwenehi watak kaya dene manungsa urip ing alam kasunyatan. Watake paraga mau siji lan sijine kudu digawe beda. Menehi watak marang para paraga iku uga mujudake perangan kang penting ditindakake dening pangripta. Jalaran kanthi anane watak kagn beda mau diajak bisa nuwuhake masalah utawa perkara (konflik) lan sabanjure tuwuh (timbul) kang diarani lakon. Wakatek paraga lan sawijining crita utawa drama iku satemene mung loro, watak kang becik lan ala iku banjur cawuh (berperang), kagn sabanjure dadi perkara (konflik). Dene kanggo meruhi watake paraga iku bisa ditindakake kanthi cara:

Ø Bisa saja jenenge
Ø Bisa saka nyandhang penganggone
Ø Saka gagasan, sing dipikrake lan disedya, sarta saka pangucape (omongane)
Ø Saka rerasanane paraga liyane

D) Isi pututur saka sajrone drama

Kaya kang diandharake ing ngarep yen lumrahe ing drama iku ana perangan kang diarani prolog lan epilog. Ing perangan mau padatan pangripta wus aweh katrangan kang magepokan karo liding crita (inti crita). Para kang maca utawa kang nonton wus kanthi gampang meruhi pitutur luhur apa kang bakal ditampa saka lakon mau.