Senin, 15 Juli 2013

Drama Tradisional ten Boso Jowo/ Drama Tradisional di dalam Bahasa Jawa/ Traditional of Drama in Javanese

Drama Tradisional ten Boso Jowo

(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri Kangge Siswa SMP. Ponorogo: MGMP Basa Jawa.)

A) Drama Tradisional

Tembung drama tradisional iku asale saka tembung drama lan tradisional. Tembung drama iku minangka bedhahan (istilah) kanggo ngarani crita kang diwedhar kanthi lantaran omongan utawa pacelathon. Crita ing drama bisa dinikmati kanthi cara maca naskah (teks) lan bisa uga digelar ing panggung minangka tontonan. Dene tembung tradisional iku tegese apa kanga sale saka run tumurun. Dadi yen kaya mengkono, sing diarani drama tradisional yaiku kagunaan (kesenian) drama kang diturunake dening para lelhur dhek jaman biyen marang para wong ing jama saiki. Tembung tradisional kang nempel ing drama mau uga nudhuhake anane sambung rapete karo wektu sing wis kapungkur. Sawijining wektu kagn wis mlumpat saka sak turunan (satu generasi), mula saka iku kedadeyan lan lelakone manungsa kang dicritakake ing drama tradisional iku wis kedaden ing atusan taun kepungkur. Mula saka iku dadi tuk utawa sumber cerit ing drama tradisional bisa arupa crita babad jaman kerajaan, utawa crita biyen kang minangka hasil kasusastraan jaman biyen. Dene tontonan kang kalebu golongane drama tradisional yaiku kethoprak, wayang wong, lan ludruk.
Adhedasar andharan mau mula banjur kena dijupuk dudutan (kesimpulan) ngenani tontonan tradisional, yaiku:

1) Tontontan tradisional iku asli kagunan (seni) kang diwarisake run temurun saka para leluhur marang wong ing jaman saiki
2) Sumber utawa tuke crita iku asale saka crita babad, crita kerajaan, utawa crit saka asli kasusastran dhek jaman kerajaan, umpamane serat Panji, serat Menak lan liyane. Dene yen wayang wong babon critane bisa saka Serat Ramayana lan Serat Bharatayuda
3) Sandhang panganggone para paraga tontonan drama tradisional uga ngemba (niru) sandhang pangangone wong jawa dhek jaman biyen, cundhuk karo lelakon kang digelar.
4) Tontonan drama tradisional nggunakake gamelan Jawa kanggo ngrenggani pagelarane.

B) Nemokake isi Utawa makna “Tersurat” saka Drama
Sawijining drama digelar dadi sawenehe tontontan iku mesthi ana tujuwan (motivasi). Lumrahe tujuwan yaiku aweh kaca benggala, kaca pangilon, marang wong kang mirsani, amrih bisa oleh pengalaman kang becik kanggo sangu urip ing bebrayan. Maknane, isie utawa piwulang luhur kang kinandhut in tontonan mau kudu digoleki saka kedadeyan lan saka kang dirembug dening paragane. Kang kaya mangkene iki diarani nggolek makna sing katon (tersurat).

C) Nggoleki Piwulang Luhur kang Sinamur (Tersirat) ing Sajroning Drama


          Nggoleki piwulang luhur kang sinamur ing sajroning drama iku diwiwiti kanthi nggoleki sarta nemokake apa kang ana ing sajroning drama (konteks) saa nggandhengake karo kang ana sanjabane naskah/ teks drama(di luar konteks). Mula ska iku nggoleki piwulang luhur kang sinamur (tersirat) iku mbutuhake tajeme ati/ lantipe ati jalaran piwulung luhur mau ora disebutkae kanthi trawaca (jelas) ing naskah drama.