Senin, 15 Juli 2013

Gawe naskah Drama ten Boso Jowo/ Membuat naskah Drama di dalam bahasa Jawa/ How to make scenarist Drama in Javanese

Gawe naskah Drama ten Boso Jowo/ Membuat naskah Drama di dalam bahasa Jawa/ How to make scenarist Drama in Javanese

(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri Kangge Siswa SMP. Ponorogo: MGMP Basa Jawa.)

A) Sumber Cerita

          Kang dadi sumber crita drama iki jembar banget, jalaran sumber crita mau bisa dijupuk saka kedadeyan kang ana ing madyaning bebrayan. Tumprap para siswa, yen kangelan gawe srita dhewe, bisa jupuk crita saka buku ing perpustakaan utawa ing kalawarti Jayabaya lan Panyebar Semangat, ing buku kumpulan crita rakyat nusantara utawi crita rakyat ing kalawarti Jayabaya lan Panyebar Semangat, bisa digunakake minangka sumber utawa babone crita ing buku mau crita rakyat isih arupa gancaran (prosa).

B) Gawe naskah drama

Sawuse nemokake sumber crita/ babone crita kang isih arupa gancaran, kang perlu ditindakake nalika arep gawe naskah drama, yaiku:

1) Nemokake Alur

Gampange kandha, alur iku kena diarani alluring crita. Alur ing drama kudu mlaku maju nut obahing wektu, yaiku diwiwiti saka purwakala (beginning), madyakala (middle, pertengahan), lan tumuju marang wasana kala (ending). Ing istilah drama modern alur drama iku mau diarani kanthi istilah eksposisi, komplikasi lan resolusi.

Ø Ing tatanan eksposisi (purwakaka), ngatur babgan kang gagayutan karo wektu lan panggonan. Eksposisi uga nepangake (memperkenalkan) para paraga  (tokoh cerita). Ing keen wis dipilih sapa singbakal kadhapuk dadi paraga utama.
Ø Ing tantanan komplikasi ngatur anane perkara kang sabanjure dadi reruwt kang gawat mbebayani (penggawatan) sapa ta sing kataman perkara? Sing kataman perkara iku paraga utama, ing komplikasi ini paraga utama nandhang (mengalami) gangguan saka wong sakiwa tengene rikala dheweke berjuang kanggo nggayuh apa kang dadi idham-idhamane. Kajaba saka iku, bisa uga paraga utama mau gawe kaluputan kang ora disengaja tumrap awake dhewe. Kanthi mengkono iku mau, kita bisa naliti nane waktake para paraga crita  kang ngayahi dadi lakon.
Ø Ing tatanan resolusi (wasana kala), reruwt kang dialami/ disandhang dening paraga utama wis arep bisa udhar (meh udhar) perkara kang dadi reruwt kang disandhang dening paraga utama wis bisa disingkrihake. Cara kanggo ngudhari utawa nyingkrihake reruwet mau kudu bisa tinemu ing nalar (logis, masuk akal) sarta tetep ana sambung rapete karo kedadeyan kang ana ing komplikasi.
Pisah utawa pedhote antara komplikasi karo resolusi, diarani puncak utawa klimaks. Dene pungkasane crita (wasana kala) utawa ending bisa awujud nyenengake (happy end) lan uga ana pungkasane crita kang ora nyenengake (unhappy end).

2) Ngengrengi Babak lan jejeran

Sabanjure kang kudu ditindakake maneh yaiku gawe ngengkrengan babak lan jejer, kang diarani babak iku nggambaake perangane (bagian cirta). Sababak tegese sadhenga crita, mungguh digawe birang babak dramane iku, sababak apa luwih. Mula saka iku, yen diarani drama sababak tamat, tegese drama iku critane bisa cuthel utawa tamat sanajan mung salakon (satu kali pementasan). Nanging yen diarani drama “bersambung” iku ateges critane bisa dawa nganti pirang-pirang babak, iki padha karo episode. Ing sajroning babak isih diperang (dibagi) dadi pirang jejeran (adegan). Sing diarani jejeran ing kene yaiku, perangane babak kang diwatesi dening anane owah-owahane kedadeyan (peristiwa), wektu, papan panggonan, swasana, serta piranti kang beda. Kejaba saka iku jejeran uga ana gandheng cenenge karo lir gumantine para paraga.

C) Pacelathon (Dhialog)
Mula saka iku pacelathon (dialog) mau kudu ngetrepi 2 perkara (dua hal), yaiku: Sepisan, kudu bisa nggambarake solah bawane (aktifitas) para paraga. Pacelathon uga kudu bisa nggambarake prastawa, kahanan lan perkara kang wis kedden kanthi becik, srta pikiran la perasaane para paraga, kanthi mengkono diajab senajan mung diwaca, sing maca kaya dituntut melu ngalami apa bae kang dipikir, dirasakake, lan kang ditindakake dening para paraga. Kapindho, pacelathon kudu migunakake tetembungan lan ukara kang prasaja tur mentes. Aja nganti ana tetembungan kang ora perlu, pacelathone kudu jelas, terang trawaca lan langsung tumuju ing sasaran.
Carane nulis naskah drama
Ø Saben jejeran perlu diwenehi crita (narasi) kang nggambarake swasana, papan panggonan lan prastawa kang kadaden
Ø Kanggo milahake crita (narasi) karo pacelathon, narasi mau ditulis ing sajroning kurung
Ø Kanggo nulis pacelathon, antarane jeneng paraga lan pacelathon mau dipisah karo titik loro, srta gunakake tand waca sing cocok karo ukurane.
D) Milih paraga
          Sawise gawe naskah drama, ayahan sabanjure yaiku maragakake utawa mraktekake drama mau ing ngarep kelas utawa ing papan liyane kang kena kanggo praktek drama. Nanging sadurunge dipraktekake kudu dianakake pilihan paraga. Sebab ora saben wong cocog maragani paraga ing drama, pamilihe paraga iki ing jaman saiki diarani casting. Ora gampang milih paraga (casting) iku, ora sepisan pindho pamilihe paraga bisa cocog, ing kene sing dibutuhake yaiku cocoge watak, antarane paraga ing drama karo wong kang maragani yen drama iku digelar dadi totonan. Watak iku bakal katon ing solah bawa, tingkah laku, muuna muni, gunem, sandhang panganggo, pikiran, gagasan, lan liyane.

E) Prakthek Drama/ Maragakake Drama
Prakthekna drama asli karaganmu dewe!
F) Pambiji lan Panyaruwe Tumrap Pagelaran Drama

Sing dimaksud pambiji ing kene yaiku aweh pengaji (penilaian/ penghargaan) tumrap drama kang digelar dening sawijing kelompok ing kelasmu. Dene aweh panyarue iku tegese aweuh pamprayoga amrih apike.