Senin, 15 Juli 2013

Pamedhar Sabda ten Boso Jowo/ Penjelas Acara di dalam bahasa Jawa/ Explain of Agenda in Javanese

Pamedhar Sabda ten Boso Jowo/ Penjelas Acara di dalam bahasa Jawa/ Explain of Agenda in Javanese

(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri Kangge Siswa SMP. Ponorogo: MGMP Basa Jawa.)

A) Pamedhar Sabda

Sing diarani minangka pamedhar sabda yaiku wong kang nindakakek ayahan/ jejibahan medhar sabda, dene sing diarani medhar sabda yaiku nglairake utawa njlentrehake sawenehing surasa utawa isi sesorah, wejangan, wewarah, gagasan, utawa pikiran marang wong liya. Yen ditilik/ dideleng saka asal usule, medhar sabda iku saka tembung medhar lan sabda. Medhar asale saka tembung wedhar kang tegese dibuka, diwengakake, diblakake, diandharake. Dene tembung sabda tegese: gunem swara utawa tetembungan. Kanthi mangkono iku mau, mula sing diarani medhar sabda iku banjur werna-werna. Lire ana pamedhar sabda kanggo umum (wong akeh) la nana sing mligi (wong akeh) la nana sing mligi (wong tartamtu), ana uga sing lumrah ana sing mirunggan, ana sing rowalan ana sing ringkes, ana sing prasaja, uga ana sing mawa basa rinengga, lan liyane manut karo kabutuhan sarta tujuan parembugan iku mau. Medhar sabda yaiku medharake babaringan anggit utawa cipta ripta.

B) Teknik utawa cara Pangetrape Medhar Sabda, pangetrape utawa cak-cakane medhar sabda iku werna-werna ing antarane yaiku:
1) Medhar Sabda Kanthi Cara Kalesanake (Tanpa Teks).
Cara medhar sabda iku rada angel tumrap wong sing durung pangalaman, jalaran bisa ora runtut apa kang dileksanakake (diwedharake).
2) Medhar Sabda Kanthi cara Apalan
Pamedhar sabda kanthi cara apalan ikki luwih dhisik kudu gawe teks/ cathetan utawa saka buku. Sabanjure teks/ cathetan mau diapalake. Sawise apal banjur dilesanake. Nanging, cara apalan iki sok uga njalari ora prayoga. Yen ana salah sawijine ukara lali/ ora eling, mula bisa njalari ilang apalane saksekabehe. Yen bisa kudu apal kabeh, supaya pamedhare sabda bisa lancar.
3) Medhar Sabda kanthi cara maca tulisan
Kang medhar sabda luwih dhisik kudu nggawe tulisan utawa cathetan saka sakabehane apa kanga rep diwedharake. Kanthi cara iki apa bae kanga rep diwedharake bisa jangkep, wutuh, lan runtutt. Nanging cara medhar sabda kang kaya ngene iki dianggep kurang “komunikatif” jalaran pamedhar sabda kawigatene marang wong kang ngrungokake kurang, kawigatene keh kang tumuju marang tulisane. Mula kudune pamedhar sabda bisa ngedum kawigaten kang tumuju marang cathetan lan marang para kang ngrungokake.
4) Medhar Sabda Adhedhasar cathetan bakuning wigati
Ing cara iki, trap-trapane kanthi cara gawe cathetan nanging kang dicathet babagan kang penting bae. Cathetan iku mau bisa uga minangka ringkesan kang wis ditulis sadurunge. Cathetan mau minangka kanggo lelantaran pangeling eling saka apa kabeh kang wis ditulis ing teks/ cathetan.
5) Medhar Sabda Adhedhasar cathetan cengkorongan
Cak-cakane cara iki yaiku pamedhar sabda luwih dhisik gawe cathetan kanthi jangkep/ wutuh cathetan wutuh mau banjur diwacara marambah-rambah nganti setengah apal. Dene yen wis tumekane gawe medhar sabda ing ngarepe wong akeh sing digawa mung cathetan cengkorongane bae. Cathetan cengkorongan mau wis kena kanggo dalane pangeling-eling saka cathetan wutuh/ jangkep kang wis diwaca mau. Anane cengkorongan mau bisa njalari apa kang diandharake dadi runtut. Ing cara/ teknik ini, ngapalake teks cathetan ora dikudokake, nanging yen maca kanthi marambah-rambah mau kudu ditindakake. Dadi ing kene ora nengenake apalan, nanging nengenake pemahaman.

C) Gawe Cengkorongan
Ancer gawe cengkorongan pamedhar sabda kaya mangkene:
1) Tema
a) Sub Tema
yen tema isih asipat umum, dene sub tema wis aspat mligi (khusus). Yen tema iku isih jembar/ luas, sub tema iku luwih ciwut (spesifik).
b) Sesirah (Judul)
Sesirah kudu laras karo sub tema, sesirah kang becik iku duwe sarat:
Ø Wigati (urgen)
Ø Ndudut kawigaten
Ø Mranani
Ø Dadi panutan tumrap isine andharan/ wedharan
Ø Jumbuh karo isine wedharan/ andharan
2) Isine Wedharan
Isine wedharan lumrahe ngemot perkara: purwka, bab saka wigatine parembugan, kekenthelan utawa wosing rembug (inti), penemune pamedhar sabda (pendapat), lan wasana pungkasan
3) Basa kang digunakake

Ø Trep pamilihing tembung, luwih-luwih ing babagan ing istilah. Aja nganti nggunakake istilah kang durung jelas/ cetha maknane, utawa durung jelas panganggone.
Ø Cetha dhapukaning ukara. Ukara kang dirakit kudu manut paugeran paramasastra (wiwit saka tataning tulis/ ejaan, cirining tulis/ tandha waca, lan uga panganggene aksara)

Ø Trap-trapane basa mau uga kudu ngugemi paugeran empan lan papan. Lire kudu angon mangsa, kanggo sapa wedharan mau, lan ing ngendi wedharan mau digelar.