Senin, 15 Juli 2013

Pawarta lan Tuladhane ten Boso Jowo/ Berita dan Contohnya di dalam bahasa Jawa/ News and Example in Javanese

Pawarta lan Tuladhane ten Boso Jowo/ Berita dan Contohnya di dalam bahasa Jawa/ News and Example in Javanese

(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri Kangge Siswa SMP. Ponorogo: MGMP Basa Jawa.)

A) Tuladhane Pawarta

Tuladha pawarta bisa digoleki ing ariwarti (Koran) utawa kalawarti (majalah). Coba setitekna tuladha pawarta iki!
Tuladha pawarta

SWARA GEMLUDHUG GAWE KUWATIRE WARGA

          Kari-kari iki, penere wiwit ssi Januari nganti Pebruari ing wilayah Tulungagung lan Trenggalek kerep keprungu swara gemludhug ing jero lemah. Kala-kala swara kasebut sinartan lindhu cilik. Samesthine yen warga sing mapan ing pesisir lan perenging pegungan padha ketir-ketir, jaaran swara  sing sumbere ing njero bumi kuwi pancen kober gawe ati miris. Amarga swara kasebut uga dirungu dening warga Kecamatan Ngetos lan Sawahan, Kabupaten Nganjuk ing perenging gunung Wilis, kang banjur disusul lemah ambles.

          Fenomena kasebut narik kawigatene Pusat Vulkanologi dan Mitigasi Bencana Geologi (PVMBG) Bandung kang sabanjure ngleksanakake penyelidhikan suwene rong ndina ing Trenggalek. Asile, manut keterangane Kepala PVMBG Gede Swastika tanggal 26 Pebruari wingi, swara sing kober gawe warga ketir-ketir kuwi ora mbebayani. Alat deteksi lindhu utawa seismograf portable sing dipasang ing Desa Pringapus Kecamatan Dongko lan Desa Timahan Kecamatan Kampak suwene rong dina, wis ora nuduhake anane lindhu maneh. Swara gemludhug kuwi uga wis ora keprungu maneh.
“Wis ora ana lindhu. Masyarakat ora sah kuwatir. Ora mbebayani, kok,” ngono pratelane Swastika marang wartawan.
Fenomena swara gemludhug ing jero lemah wiwit Januari nganti Pebruari sing sinartan lidnhu cilik kuwi uga ora bakal ngakibatake lindhu gedhe jalaran pancen wis lerem. Sadurunge, Badan Meteorolgi Klimatologi dan Geofisika (BMKG) nyathet, ing wektu telung dina klakon ana lindhu kaping slawe.

(Kapethik saka Majalah Jaya Baya No.28, Minggu II Maret 2011)

B) Tegese Pawarta

Saben dina ana wae pawarta kagn bisa dirungokake saka televisi utawa radio, lan uga akeh pawarta kang bisa diwaca saka media cetak: Koran utawa majalah, nanging nyatane isih akeh wong kang durung weruh apa ta setemene kang diarani pawarta (berita) iku. Satemene kang diarani pawarta/ berita, yaiku:
Ø Palapuran prastawa nyata (kejadian factual) utawa panemu (pendapat/ opini) kang asifat wigati (penting) ing sawijining wektu, srta dadi kawigatene wong akeh
Ø Apa bae kagn durung nate dikrungu, utawa diwaca serta diweruhi/ disumurupi.
Ø Wedharan/ uraian sawijining prastawa nyata (fakta) utawa panemu (pendapat/ opini) kang dipacak/ dimuat media masa.
Ø Swasana anyar kang narik kawigaten, kang lumrah diarani trend

C) Sipate Pawarta
Kang diarani pawarta iku kudu duwe watak sesipatan utawa ciri wanci:
Ø Pawarta iku kudu adhedhasar kasunyatan (fakta)
Ø Kasunyatan (fakta) mau, kudu nyata-nyata kadaden
Ø Kasunyatan ing pawarta kudu kapisah karo panemu (opini)
Ø Pawarta kudu timbang (seimbang), ora kena mihak sapa bae. Yenta mihaj, judune mihak marang bebener (kebenaran)

D) Kang Ndayani Ajine Pawarta
Pawarta iku nduweni aji (bobot) utawa ora gumantung ing:
Ø Akibat (konsekuensi). Yen ana sawijiing prastawa (peristiwa) ndadekake akibat gedhe tumrape wong akeh mula pawarta mau ajine dhuwur
Ø Langka/ aneh. Prastawa utawa barang kang langka, uga bakal narik kawigaten, mula pawarta mau ajine uga gedhe
Ø Paraga (tokoh). Prastawa ngenani saijineng wong kang misuwur bisa gawe ajine pawarta. Umpamane Presiden Barack Huseiin Obama menyang ing Jakarta
Ø Masalah (konflik). Masalah gedhe uga bakal ndayani ing bobot pangajine pawarta. Umpamane: pawarta ing babakan korupsi ing Polri.
Ø Ndudut kawigaten. Prastawa kang bisa ndudut kawigaten wong akeh iku uga bisa ndayani bobot pangajine pawarta. Umpamane: tetandingan ba;=balan sedonya mesthine luwih ndudut kawigaten ketimbang tetandingan pimppong ing tingkat RT
Ø Sing cedhak papan dumunung. Prastawa kang kedadean cedhak karo papan panggonane dhwe iku bakal luwih ndudut kawigaten, tinimbang karo prastawa kang adoh. Umpamane: kacilakaan bis rombongan sekolah kang kecemplung jurang ing Sawoo, Ponorogo njalari tiwase bocah 3 taon, iku luwih narik kawigaten tinimbang, bus rombongan sekolah kang tabrakan karo sepur ing Cina.
Ø Kamanungsan. Prastawa kang gegayutan karo kamanungsan uga duwe bobot pangaji dhuwur. Tuladha: sawijine wong cacat tuna wicara kang bisa nguliahake anake nganti tekan sarjana.
Ø Anyar gres. Pawarta kang wis kadaluarsa ora baakl narik kawigatene wong kanggo maca utawa ngrungokake
Ø Nengsemake ing nggumunake. Prastawa kang negsemake sarta nggumunake mesthi ndudut kawigaten, mula pangaji pawartane dhuwur.

E) Perangane Pawarta (Bangun Berita)
Perangane pawarta (bangunan cerita) kang pokok, yaiku:
1) Irah-irahane (Judul). Sabisa bisa gawea irah-irahan kang bisa nggampangake para pamaca kanggo ngranggeh maknane. Ana pirang perkara kang kudu digatekne nalika nulis irah-irahan pawarta yaiku:

Ø Kudu nggambarake isine pawarta
Ø Ngedohane tetembungan kang bombastis
Ø Ngedohana saka salah tafsir
Ø Aja adu-adu (adu domba) ngedu wong utawa golongna
Ø Prayoga migunakake ukara tanduk lan aja migunakan ukara inverse
Ø Judul/ Irah-irahan kang arupa opini perlu nyebutake sumbere
Ø Irah-irahan kudu bisa ndudut kawigaten

Sabanjure, yen wis isa paham karo pitung perkara kang gegayutan karo irah-irahan 7 mau saiki coba gatekna jinise irah-irahan iki:

Ø Striking statement (menggemparkan), yaiku irah-irahan kang sipat gara-gara, yaiku kang bisa gawe oreging jagad
Ø Provokatif statement, yaiku irah-irahan kang bisa ndudut kawigaten
Ø Label utawa atiket, yaiku irah-irahan mung kaya dene jeneng (merek), umpamane obat-obatan
Ø Deklaratif, yaiku irah-irahan kang mujudake ukara andharan sing ringkes, padhet nanging jelas ukurane.
Ø Direct address, yaiku irah-irahan kag langsung nyulek marang sawijineng perkara
Ø Pernyataan, yaiku irahan kang awujud ukara pitakon jangkep kanthi tandha pitakon (?) ing saburine ukara mau.
Ø Cuplikan, yaiku irahan kang awujud cuplikan skaa pangandikan/ dhawuh saka wong kang misuwur.

2) Alinea Pambuka (Teras Berita/ Lead)
Alinea pambuka ing pawarta iku kudu bisa ngganggoni 3 (telu) perkara, yaiku:
Ø Ndudut kawigaten pawaca
Ø Menehi informasi, babakan kang penting ing pawarta iku
Ø Bisa njurung pamacca amrih bisane mlebu ing perangan isi pawarta sabanjure
Jinise teras/ alinea pambuka:
Ø Teras cerita, yaiku sawijineng teras/ alenia kang isine swasana kang ndayani kaya sing kang maca dadi paraga ing prastawa iku
Ø Teras deskriptif, yaiku teras kang bisa nyipta gambaran imajinasi/ daya pangangen angen para kang maca.
Ø Teras deduktif, yaiku teras kang migunakake dudut (simpulan) ing perangan awal alenia.
Ø Teras induktif, yaiku teras kang migunakake dudut (simpulan) utawa ukara pokok ing perangane akhir alenia
Ø Teras induktif-deduktif, yaiku teras kang migunakake cara ndeleh ukara pokok ing alenia awal lan akhir.
Ø Teras ringkasan, yaiku teras kang tulisan inti saka prastawa pawarta
Ø Teras langsung menunjuk, ing teras iki tembung kang digunakake kaya ngajak pamaca melu cawah maring prastawane
Ø Teras kontras, yaiku teras ing alenia kapisa ana loro prayatan saka loro kasunyatan (fakta) sing beda
Ø Teras kutipan, yaiku teras kang isine pangandikan, panemu, utawa dhawuhe wong jadhug, misuwur
Ø Lan liyane

3) Awak Pawarta (Tubuh Berita)
Ing perangan iki mujudake geganepe saka sawenehe pawarta, lumrahe awak pawarta iki mujudake perangan kang ora patia penting yen ketimbang karo alinea sadurunge. Mula saka iku neng kene lumrah katelah piramida terbaik. Yaiku ukara ing perangan sisih ngisor mujudake informasi kang kurang penting sahingga bisa dipotong yenta bisa dianggep ora perlu dimot utawa dipecah. Sing diarani awak-awak ing kene yaiku pokok-pokok utawa perangan penting  kang amangun pawarta mau. Ing basa Indonesia, lumrah diarani unsure/ struktur berita. Dene sing kalebu awake pawarta yaiku kanthi wujud 5W+1H, yaiku
Ø Apa (what), apa kang lagi kadadean
Ø Sapa (who), sapa paraga/ wong kang ana prastawa kang lagi kadaden mau
Ø Ing ngendi (where), ing ngendi papan kadadene prastawa mau
Ø Dhek kapan (when), kapan kadadene prastawa mau.
Ø Genea (why), genea prastawa iku bisa kadadean
Ø Kepriye (who), kepriye larah-larahe prastawa iku kedaden

4) Panutupe Pawarta (Ekor Berita)
Perangane kang pungkasan saka pawarta yaiku penutup. Dene penutup awarta iki jinise:
a) Arupa ringkasan. Kang arupa ringkasan iki isine malah ngarah ing perangan teras
b) Arupa dudutan. Isine dudutan saka sapa kang dicritakake
c) Puncak (klimaks). Ditulis runtut (kronologis)
d) Ngagetake. Ngarahake para kang maca ing sawenehe perkara kang ora diduga-duga sadurunge
e) Nglangut. Kaya-kaya ora ana selehe, ora ana enteke

F) Cara Golek Pawarta

Ø Wawansabda (wawancara), yaiku takon/ nakoni/ nakokake marang wong liya (saksi, paraga/ pelaku, ahli) babakan perkara utawa bab kang dadi musababe kedadene prastawa
Ø Ndeleng, ngrekam, moto, nyatet kabeh prastawa ing papan kadadean
Ø Ngunduh pawarta saka kantor berita, internet, radio lan liyane kanthi tetep nyebutake sumber pawartane mau

Ø Panaliten. Kanggo njangkepi prastawa kang wis ditulis, gawehane wartawan bisa uga nidakake panaliten ing buku, dokumen, kang bisa awujud data, table lan informasi liyane.