Kamis, 04 Juli 2013

Tuladha Wacana ten Boso Jowo, paron 2/ Contoh Bacaan di dalam Bahasa Jawa, bagian 2/ Example Article in Javanese, part 2 JAVANESE

Tuladha Wacana ten Boso Jowo, paron 2

(Sumber: Subadi, Dwidjo.2002.Pinter Basa 3. Surabaya:PTMitrekaSuryaKarya.)

A) Munggah Kelas 3

                Saiki kelakon aku dadi murid kelas telu. Wah, ya seneng, seneng banget. Seragamku anyar, tasku anyar, sepatuku anyar. Buku-bukuku iya… ganti anyar. Nangin kuciwane…, kancaku sakelas tetap, pancet sing lawas. Kaca kelas loro biyen. “bocah-bocah, lungguha sing anteng. Saiki kelase dhewe iki wis resik bangkune wis ditata tharik-tharik. Mesthi kowe kabeh padha seneng manggon ana kelas telu, “dhawuhePak kalem nanging cetha. “Ayo, sapa sing ora seneng manggon ana kelas telu?” “seneng Pak! Remen Pak! Kula bingah banget sanget, Bu!” saure bocah-bocah rampak bareng. Ana bocah loro ngacung, tangane dhuwur-dhuwur. Pak Sudarmanto sing katon semringah, banjur mesem. Alon-alon ndangu Huda lan Dimas, “Kowe ngapa, cah bagus?” “Kula gela Pak!” wangsule Huda. “Geneya kok gela?” Pak Sudarmanto ndangu “Anu, Pak, kanca kula pancet. Kanca lawas.” Ature Huda. “iya, yen ngono ayo, kowe dak balekake menyang kelas loro, apa menyang kelas siji. Kancane anyar kabeh. Wulangane iya gampang-gampang. Dadine kowe gedhe dewe lan menangan!” Pak Sudarmanto gumujeng, nyedhaki Huda. Sirahe Huda dielus-elus, ksok katrisnane. Bocah sakels pada ngguyu, atine seneng awit Pak Suradmanto gati marang murid-muride. “Kula takut Pak Guru!” ature Madiono, sakencandhake. “Geneya kok wedi?” Pak Sudarmanto ndangu. “Kata bocah-bocah, kanca-kanca, Pak Sudarmanto galak. Pak Sudarmanto jahat!” wangsulane Madiono lugu, jujur lan blaka suta. Ora nganggo tedheng aling-aling. Lan during nganggoni unggah-unggu. Pak Sudarmanto mesem lan banjur gumujeng. Pak Sudarmanto nyedhaki lungguhe Madiono, “Pak Sudarmanto ora bakal jahat lan galak! Anggere kowe kabeh padha pinter, padha ngerti, padha sregep sinau. Gelem nggarap PR, gelem resik-resik kelas, taberi lan tertib.” “aja padha percaya tembung jarene, yen during ana bukti nyatane. Wis, ayo saiki sinau basa Jawa, ben dadi bocah sing pinter lan susila!” huda banjur nyandhak astane Pak Sudarmanto, nuli disun. Suwasana kelas dadi ayem tentrem lan nyenengake.

B) Nyelengi

                “bocah-bocah, aja padha seneng jajan. Njajan mono pakulinan sing kurang becik. Sing akeh-akeh jajane ora paedahe tumrap kawarasan. Gisine kurang. Ora resik .padha dirubung laler lan kebledugan. Mangkono iku marakake lara lan keracunan.”

                “becike, yen kowe dhuwit padha celengana. Sing padha gemi, aja seneng boros. Wong sing ngebreh, boros, ora apik dadine.” Mangkono dhawuhe Pak Sudarmanto.

                “kua gahdha celengan ing bank, Pak!” ature Dimas. “kula gadhah Tabanas, Pak!” Huda iya matur. “Kula nyelengi wonten ing Simskot, Pak!” Tiyok iya matur. “lha, yen kowe apa iya duwe celengan, Kiki?” Pak Sudarmanto ndangu Kiki. “Gadhah, Bu! Tabungan kula wonten Simpedes!” Kiki mangsuli. “menawi celengan kula wonten blek, tilas wadhah biscuit. Benjjing wulan Besar kula bikak. Kangge tumas menda!” ujare Andri. “kok tuku wedhus, apa kowe arep sunat?” Galah takon. “Ora! Tuku wedhus kanggo qurban!” wangsulane Andri marang Galah. Dwi iya crita. Dheweke nyelengi kanggo tuku kadho. Saben tanggal 3 Desembe, celengane dibukak kanggo tuku barang. Barang mau kanggo ngadho bapake. Awit bapak ambal warsa (ulang tahun). Pak Sudarmanto katon seneng, rena pengalihe. Dene murid-muride wis akeh sing kulina nyelengi. Lan werna-werna tujuane uga werna-werna carane.

Ibu-ibu PKK nyelengi kanthi cara jimpitan. Beras sing bakal diedang dijimpiti. Jimpitane diklumpukake. Suwe-suwe dadi akeh. Pancen wong nyelengi kudu mbaka sethithik. Kudu wani nyenyimpen sing sethithik. Yen bola-bali anggone nyimpen mesthi bakal dadi akeh. Wong sinau mono iya padha karo nyelengi. Saben dina sinau, nyelengi ilmu kawruh ing pikiran. Saya suwe iya saya akeh ilmune, akeh kapinterane.

C) Kulina Resikan

                Sapa sing ora seneng werh kancane katon necis. Penganggone resik .awake, rambute katon resik. Kukune ora daw lan ora ireng-ireng. Kabeh mesthi padha seneng. Yen lanang tambah gantheng. Yen wadon iya saya ayu.

                Saya luwih seneng maneh menawa wis kulina resikan. Resik awake dhewe. Panganggone yaiku klambine utawa sepatune diresiki lan ditata rapi. Bubar mangan lan ngombe ajange lan gelase diisahi dhewe. Buar sinau, buku lan pirantine diresiki. Sing perlu digawa sekolah banjur diwadhahi tas. Sing ora kanggo dibalekake menyang panggonan asale. Semono uga yen bubar dolanan.

D) Pusat Kesehatan Masyarakat (PUSKESMAS)

                Saben kecamatan ing daerah wis ana Puskesmas. Malah ing kotamadya meh saben kelurahan. Mangkono iku upayane pamarintah supaya wargane gambang mertamba. Gampag anggone nambani kanthi prabeya murah tur ora adoh panggonane.


                Wong lara iku butuhe ndang waras. Emoh nandhang lara. Emoh kesuwen anggone lara. Mulane isih akeh wong sing klreu anggone mertamba. Malah ana sing sasar susur olehe mertamba, mung manut ujare kandha. Ing Puskesmas ora bakal kaya mengkono iku.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar