Selasa, 17 September 2013

Tuladha Dongeng ten Boso Jowo/ Contoh Dongeng di dalam Bahasa Jawa/ Example Fairy Tale in Javanese

Tuladha Dongeng ten Boso Jowo/ Contoh Dongeng di dalam Bahasa Jawa/ Example Fairy Tale in Javanese

(sumber/ source: Sukendro, Tresno. 2009. Widya Basa Jawa. Surabaya: PenerbitErlangga.)

1) Cindhelaras
Ing sawijining dina, raja ing praja Jenggala kang asma Raden Putra ngusir garwa prameswarine dhewe kang asma Dewi Limaran. Dewi Limaran diusir Sang Prabu amarga saak pokal gawene garwa selire aran Dewi Cindhaka. Dewi Cindhaka duwe watak ala, dhemen iri, srei, lan dengki. Dheweke gawe srana yaiku kanthi cara ethok-ethok lara nemen, supaya Sang Prabu susah. Dewi Cindhaka ngundang tabb lan kautus matur marang Sang Prabu menawa larane karana digawe Dewi Lamara. Midhanget ature si tabab, San Prabu duka banget. Panjenengane prentah marang Patih Jenggala supaya mrejaya Dewi Limaran sing lagi nggarbini alas, Sang Patih ora tega mrejaya Dewi Limaran, amarga dheweke ora percaya yen San Dewi sing luhur budine kasebut tumindak cidra. Mula Sang Patih nggawekake gubug cilik kanggo Dewi Limaran. Ora let suwe manggon ing gubug kasebut, Dewi Limaran banjur nglairake bayi lanang kang pekik rupane. Bayi kuwi dijenengi Cindelaras dadi bocah kang sehat lan cerdas. Dheweke kekancan karo para sato kewan alas lan ngerteni basane kewan. Nalika Cindhelaras golek kayu kanggo masak ibune ng tengah alas, dumadakan ana manuk alap-alap mabur ing sacedhake lan nyeblokake endhog pitik cacahe siji. Cindhelaras banjur njaluk tulung marang ula supaya nanggremi endhog mau. Ora let suwe endhog netes dadi pitik kuthuk. Kuthuk mau diopeni nganti temen, bareng gedhe, dadi pitik jago sing endah wulune, gagah, lan kuwat. Kluruke jagone Cindhelaras ora kaya pitik liyane, unine: “Kukuruyuk, jagone Cindhelaras, omahe ng tengah alas, payone godhong klaras, ibune Dewi Limaran, bapake Raden Putra.” Cindhelaras kaget krungu kluruke jagone banjur nakoke marang ibune. Karo netesake luh, ibune nyritakake sakabehe menawa Cindhelaras iku putrane raja ing praja Jenggala kang asma Raden Putra. Krungu critane ibune, Cindhelaras duwe karep bakal nggoleki ramane nanging dipenggak ibune krana durung titi wancine. Jagone Cindhelaras yen tarun menangan, pitik jago ing alas lan jago ing pakampungan sacedhakake alas wis kasil dikalahake. Sang Prabu midanget yen ana jago kang kondhang jalaran ora tau kalah. Panjenengane utusan marang abdine, ngajak Cindhelaras menyang kraton Jenggala saprelu adu jago. Cindhelaras ora wedi karo panantang Sang Prabu. Nalika ditakoni botohane, Cindhelaras matur yen jagone kalah, dheweke sanggup ditugel janggane. Ananging yen jagone menang, dheweke nyuwun separone kraton Jenggala. Botohane disarujuki, adu jago kawiwitan. Lagi pantang kabrukan jagone Sang Prabu kalah malah tumeka pati. Sang Prabu nglenggana marang kalahe lan bakal masrahake separo kratone.dumadakakan jagone Cindhelaras kluruk banter “Kukuruyuk, jagone Cindhelaras, omahe ing tengah alas, payonane godhong klaras, Ibune Dewi Limaran, bapake Raden Putra.” Bareng midhanget kluruke jagone Cindhelaras, Sang Prabu kaget lan ora percaya menawa Cindhelaras iku putrane. Ki Patih Jenggala enggal matur menawa nalika nindakake parentahe sang Prabu supaya mateni garwa prameswari, ora ditindakake amarga ora tega. Garwa prameswari ish sugen lan mbokmenawa nglairake Cindhelaras, mangkono ature Sang Patih. Sabg Prabu banjur ndangu sapa sejatine Cindhelaras. Cindhelaras banjur matur, nyritakake kaya apa sing dingendikake ibune marang dheweke. Ora sranta sang Prabu banjur nubruk lan ngrangkul Cindhelaras putrane. Cindhelaras matur menawa ibune isih ana tengah alas lan tansah ngenteni Sang Prabu. Sang Prabu ora sranta banjur nyengklak turanggane, saprelu mapag garwane. Nalika kepethuk Sang Prabu, Dewi Limaran nyritakake kahanan sing sayektine dumadi. Dewi Limaran banjur kaboyong ing kraton Jenggala urip mulya mukti wibawa bebarengna karo garwa lan putrane. Sang Prabu mangerteni sapa sing bener lan sing luput, panjenengane banjur paring paukuman marang  garwa selire. Dewi Cindhaka banjur dirangket lan dilebokake ing pakunjaran.

(SumberL Cindhelaras, am, Titie, Grasindo, 2001 kanthi owah-owahan saperlune).

2) Asal Usule Objek Wisata Guwa Rengel Tuban, Jawa Timur

Dhek jaman biyen ing tlatah Rengel, Tuban para warga padha kangelan golek banyu ing mangsa ketiga. Apa maneh yen ing mangsa ketiga dawa, prasasat digawe ngombe wae kurang. Nuju ing sawjine dina, para warga padha kangelan golek banyu. Banyu sumur wis padha asat. Tanduran pari lan palawija padha garing, awit kekurangan banyu. Mulane, para warga padha golek banyu kanggo ngombe ing desa liya sing papn panggone adoh banget. Akeh wong sing tilar donya, merga kurang pangan. Wektu iku ing tlatah Rengel lagi mangsa paceklik. Awit kabeh tandur tuwuh ora bisa dipanen. Sawah padha nela, tanduran ing pategalan padha mati garing. Kanggo mangan saben dinane para warga padha mangan pala kependhem. Awit pari ing lumbung wis padha entek. Mulane, akeh warga sing kekurangan mangan. Para warga banjur sowan marang daleme Sunan Maja Agung sing nalika semana misuwur jumeneng wali ing tlatah Tuban. Par warga nyuwun srana marang Kanjeng Sunan, supaya ing tlatah Regel diparingi sih kawelasan saka Gusti Allah murah banyu, murah sandhang, lan pangan. Kanjeng Sunan Maja Banjur tindak menyang desa Rengel.kanjeng Sunan rumangsa prihatin marang pacoban kang dialami dening para warga. Wis akeh warga padha tilar donya, merga kurang mangan lan ngombe. Kanjeng Sunan banjur ndonga nyuwun sih kawelasan saka Gusti Allah. Panjenengan banjur nancepake teken ing perenge sikil gunung, banjur ngendika, “Banyu metua! Dadia panggonan panguripane bulus lan iwak!” sawise teken dijabut saka lemah, ora let ssuwe banyu metu mlanthur saka bolongan tilas tekene Kanjeng Sunan. Bolongane mau suwe dadi gedhe lan growok memper kaya lambene guwa. Saka njero guwa kasebut mili banyu sing ing njerone akeh bulus lan iwak palong kang wujude beda karo iwak umume. Saka clangape guwa kasebut mili banyu nganti adoh ngliwati Desa Rengel. Para warga ora wani munasika marang bulus lan iwak sing urip ing papan mau. Awit wedi marang wewalere Kanjeng Sunan. Banyu saka guwa kasebut oleh digunakake yen wis mili rada adoh saka clangape guwa. Nanti saiki guwa kasebut isih ana, banyune uga isih agung, mili bening kena kanggo panguripane para warga ing tlatah Rengel, Tuban.

(Sumber: Kumpulan Cerita Rakyat dari Tanah Jawa, Asmara Kinendra, Surabaya: Widya Pustaka 2006. Kanthi owah-owahan saprelune.)