Selasa, 17 September 2013

Tuladha Wacanan Biografi Tokoh, paron 3, ten Boso Jowo/ Contoh Bacaan Biografi Tokoh, bagian 3, di dalam Bahasa Jawa/ Example Biography Famous People, part 3, in Javanese

Tuladha Wacanan Biografi Tokoh, paron 3, ten Boso Jowo/ Contoh Bacaan Biografi Tokoh, bagian 3,  di dalam Bahasa Jawa/ Example Biography Famous People, part 3, in Javanese

(sumber/ source:Sukendro, Tresno. 2009. Widya Basa Jawa. Surabaya: PenerbitErlangga.)

A) Haji Oemar Said Cokroaminoto (HOS Cokroaminoto)

Haji Oemar Said Cokroaminoto miyos ing Madiun tanggal 16 Agustus 1883. Sawise nametake sekolah ing STOVIA (Sekolah Pangreh Praja) in Magelang. Haji Oemar Said Cokroaminoto nate ngasta dadi pegawe pamerintah ing Kabupaten Ngawi, Jawa Timur suwenen 3 tahun. Nalika mengku jabatan pmong praja ing pamerintahan Kabupaten Ngawi, panjenengane rumangsa ora bisa berjuwang mbela nusa lan bangsane. Awit nyambut gawe ing pamerentahan wektu itu ateges ngawul marang bangsa Walanda. Mulane, panjenengane metu saka panggaweyan ing pamerintahan Hindia Belanda. Kasurung rasa jiwa nasionalisme lan gegayuhan luhur tumrap kamardikane ibu pertiwi, panjejengane legawa ninggalake panggawean sing kepenak. Sabanjure panjenengnan pindhah menyang Surabaya lan aktif ing organisasi Sarekat Dagang Islam (SDI). Haji Oemar Said Cokroaminoto kagungan pamawas ya liwat organisasi iki panjenengnane bis merjuwangake hak rakyat lan nggayuh kamardikan bangsane. Ing tanggal 10 Nopember 1912, Haji Oemar Said Cokroaminoto paring panyaruwe supaya Sarekat Dagagn Islam ganti dadi partai politik lan ganti jenengan dadi Sarekat Islam (SI).Saya suwe anggota SI, saya akeh. Nailka dipimpin panjenengane, SI ngrembaka dadi partai gedhe lan kuat, saengga nglumantarake panjenengane dadi anggota Volksraad (Dewan Perwakilan Rakyat) kang makili SI. Kiprahe ing SI banget mojokake pamerintah Walanda. Mulane ing taun 1920, Haji Oemar Said Cokroaminoto dijebloskae ing bui dening pamarentah Hindia Belanda, panjenengane didakwa arep nganakake ontaran mbrontak marang pamarentah Walanda. Pamarentah Hindia Belanda wektu iku rumangsa Manawa kiprahe Haji Oemar Said Cokroaminoto dianggep mbebayani. Perjuwangane ing Volksraad bakal nggugah kesadharae rakyat Indonesia sing wektu iku lagi urip kapiran lan katindhes dening pamarentah Hindia Belanda. Nalika Haji Oemar Said Cokroaminoto dikunjara dening pamarentah Hindia Belanda, panjenengane ora bisa mandhegani lumakune rodha organisasi kanthi becik. Mulane SI banjur disusupi dening paham komunis sing wiwit ngerong-rong SI. SI banjur pecah, mulane ana SI abang lan SI putih. Si abang sing dipimpin dening Darsono lan Semaun ngrembakake paham komunis. Wekasane SI abang metu saka SI lan ngedegake partai dhewe aran Partai Komunis Indonesia (PKI). Dene SI putih tetep dipimpin dening Haji Oemar Said Cokroaminoto lan ngalih jeneng dadi Partai Sarekat Islam (PSI). sabanjure PSI ganti jeneng maneh dadi Partai Sarekat Islam Indonesia (PSII). Tujuwane ganti jeneng iki ora liya kanggo ngresiki lan mbrastha paham komunis ing organisasi sing wis digedhekake kanthi perjuwangan sing abot. Haji Oemar Said Cokroaminoto sawijine priyayi pemeluk Islam sing taat lan kagungan jiwa nasionalisme sing dhuwur. Panjenengane berjuwang tumrap kamardikane Indonesia liwat jalur organisasi lan politik . Haji Oemar Said Cokroaminoto dadi guru politike lan maratuwane Presiden RI sepisan Ir. Soekarno. Jiwa lan semangat nasionalismene Bung Karno digembleng dening Haji Oemar Said Cokroaminoto, nalika Bung Karno isih sekolah ing Surabaya. Haji Oemar Said Cokroaminoto ug berjuwang liwat tulisane ing Koran Oetoesan Hindia lan Fajar Asia sing paring kekuwatan lan semngat kamardikan marang rakyat Indonesia. Nganti surut ing kasedan jati ing Surabaya tanggal 17 Deseber 1934, panjenejngane tetep berjuwan liwat politik lan masmedia. Mulane panjenengane diparingi jejuluk “Raja Jawa tanpa Makhuta”. Awit saka gedhe lelabuhane, pamarentah Indonesia maringi anugra Pahlawan Kemerdekaan Nasional kanthi Surat Kekancingan Presiden RI No. 590/1961.

(sumber/ source: mengenal Pahlawan Indonesia, Arya Ajisaka, Kawan Pustaka 2005)

2) Wage Rudolf Supratman

Wage Rudolf Soepratman miyos ing Dukuh Desa Sumangsari, Kecamatan Kaligesing, Kabupaten Purworejo, Jawa Tengah, dina Senin Wage tanggal 19 Maret 1903. Nanging ing Akte Klairane tinulis moyos ing Jakarta. Amarga bapake sing sma Senen Jumeno Sastrosuhardjo dadi Bintara KNIL, mulane tugase pindhah-pindhah panggonan. Wondene Akte Klairan diurus nailika mapan ing Jatinegara Jakarta Timur, mulane tinulis lair ing Jakarta. Asma Wage dipundhut wong tuwane amarga kalairake pas ing dina pasaran Wage. Wondene Rudolf pangaruh saka jeneng wong Landa. Mbakyune sing aran Rukiyem Supratiyah diwengku dening sawijine priyayi saka bangsa Walanda aran Van Eldik. Mbakyune tresna banget marang Wage Rudolf Soepratman. Mulane, sawise Wage Rudolf Soepratman namatake Sekolah Dasar ing Jakarta dijak mbakyune sing ngetutake garwane dhines ing Makasar. Ing Makasar, Wage Rudolf Soepratman banjur nerusake sekolahe ing Europese Lagere School (ELS). Satamate saka ELS, Wage Rudolf Soepratman nerusake sekolah ing Normal School nganti lulus rikala tahun 1914. Satamate saka Normal School, Wage Rudolf Soepratman nyambut gawe dadi Juru Tulis ing Kantor Firma Neden, banjur ora krasan lan dadi guru SD. Kanggo nambah penghasilan, yen bengi Wage Rudolf Soepratman nyambi dadi pemain biola. Sawise dadi guru SD, Wage Rudolf Soepratman nyambut gawe ing Kantor Advocat Schulten. Tuan Schulten priyayi saka bangsa Walanda sing aktif ing Indische Party sawijine partai sing merjuwangake kamardikaan Indonesia. Wage Rudolf Soepratman tansah oleh panyengkuyung saka Tuwan Schulten, mulane kabeh obah mosike Wage Rudolf Soepratman dadi kawigatene pamarentah Hindia Belanda. Kuwatir gawe repote mbakyune merga kagiyatan politike. Wage Rudolf Soepratman banjur pinsah menyang Bandung. Wage Rudolf Soepratman milih kutha Bnadung, amarga ing kutha iku akeh pemudha sing aktif ing kagiyatan Pergerakan Nasional, kayata pemudha Soekarno sing aktif ing Partai Nasional Indonesia (PNI). Ing Bandung, panjenengane ngasta dadi wartawan lan wiwit aktif ing sajroning Pergerakan Nasional ing bndung. Wage Rudolf Soepratman dadi wartawan “Koran Sin Po” pimpinan Kwik Kek Beng. Saka profesine sing dadi wartawan iki ndadkekake Wage Rudolf Soepratman ketemu karo tokoh politik mudha, kayata: M. Tabrani, Soegondho Djajapoespito, Sumarno, lan sapanunggale. Rasa serike merang penjajah Wlanda kawujudake sajroning buku kang irah-irahane Perawan Desa. Nangiin emane, buku kasebut ora oleh sumebar ing masyarakat lan  karampas dening Walanda. Kaprigelane Wage Rudolf Soepratman mainake biola gawe inspirasine nyiptakake lagu-lagu. Lagu sing wis diciptakake kayata “Di Timur Matahari”, “Kartini, “Surya Wirwan”, “Hai Ibuku”, “Bendera Kita”, dhewe diilhami saka lagu kebangsaan Perancis “La Marseille” sing isine kebak semangat perjuwangan. Mula, ing wengi pungkasane Kongres Pemuda Indonesia II tanggal 27-28 Oktober 1928, Wage Rudolf Soepratman entuk kalodhangan ngenalake lagu Indonesia Ryaa nganggo biolane. Kongres kasebut ngasilake Sumpah Pemuda, netepake gendera Merah Putih minangka gendera Nasional. Wiwit iku Gendera Merah Putih lan lagu Indonesia Raya mesthi dikumandhangake saben kongres sing ditindakake partai politik. Lagu Indonesia Raya uga dikumandhangake sacara spontan kawacakkake tanggal 17 Agustus 1945. Lagu Indonesia Raya wusanane katetepake minangka lagu Kebangsaan Indonesia sawise Indonesia merdeka. Wage Rudolf Soepratman seda rikala Indonesia durng merdika, yaiku tanggal 17 Agustus 1938 lan kapethak ing Surabaya. Sadurunge seda panjenengane netep ing Surabaya, mulane jisime kapethak ing kutha Surabaya. Labuh labete Wage Rudolf Soepratman gedhe banget, mula panjenengane dianugerahi gelar Pahlawan Nasional kanthi Surat Keputusan Presiden RI No. 016/TK/1971.
(Sumber: Mengenal Pahlawan Indonesia. Arya AJisaka. Kawan Pustaka. 2005.)

3) dr. Soetomo

Dhokter Soetomo miyos ing Nganjuk tanggal 30 Juli 1888. Dhokter Soetomo ingkang kagungan asma alit Soebroto, wiwit taksih timursampun kagungan gegayuhan ingkang luhur, inggih punika kadosipundi caranipun supados bangsa Indonesia enggal saged merdika lan uwal saking cengkramanipun bangsa penjajah. Sasampunipun namataken sekolah lanjutan, Dhokter Soetomo nglajengaken dhateng STOVIA, inggih punika Pawiyatan Luhur ingkang ndhidhik calon dhokter Jawi kala semanten ing Jakarta. Ing STOVIA, Dhokter Soetomo asring pirembagan kaliyan kacanipun babagan organisasi lan nasionalisme, ugi bab gegayuhanipun tumrap kamardikan bangsa Indonesia. Jinurung saking panyaruwe dr. Wahidin Sudiro Husodo lan kancanipun ing STOVIA, Dhokter Soetomo hasil mujudake gegayuhanipun yasa organisasi sapisan kanthi sebatan Boedi Oetomo rikala tanggal 20 Mei 1908, lan panjenenganipun dados ketuanipun. Boedi Oetomo dados cikal bakalipun organisasi ingkang murwakani organisasi modern Indonesia kanthi tujuwan kanggo ningkatake pendidikan lan kabudyaaan ingkang aspiat social. Sasampunipun lulus saking STOVIA, dr. Soetomo nglajengaken perjuwanganipun ing kitha Surabaya. Ing Surabaya, dr. Soetomo ugi yasa organisasi kawanitan ingkang aranipun Organisasi Putri Mardika, inggih punika satunggaling Organisasi Kwanitan ingkang nerbitaken ariwati Darma Kandha. Ariwati punika dipunginakaken kangge corong lan propaganda merjuwangake kamardikan. Panjenenganipun ugi ngrintis kalawarti Panjebar Semangat, satunggaling majalah Basa Jawi terbitan saka Surabaya ingkang ugi dipunginakaken kangge corong merjuwangake kamardikan lan mengsah kolonialisme Walanda. Ing taun 1924, dr. Soetomo ugi yasa organisasi enggal inggih punika Indonesische Studie Club (ISC). Orgnisasi punika kiprahipun inggih punika ngempalaken dhana saking masyarakat ingkang tujuwanipun kaggo biyantu para pelajar lan mahasiswa Indonesia ingkang kekirangan wragad sekolahipun kanthi ngawontenaken program beasiswa. Salajengipun ISC gantos name dados Persatuan Bangsa Indonesia (PBI). Kathah para pelajar lan mahasiswa boten mampu pikantuk beasiswa saka Indonesische Studie Club iki. dr. Soetomo ugi aktif ing kegiyatan politik. Rikala taun 1929, panjenenganipun ginabung ing perhimpunan perhimpunan politik kebangsaan Indonesia (PPPKI). Ing tahun 1935, PBI digabung kaliyan Boedi Oetomo dados Partai Indonesia Raya (Parindra) ingkang gadhah tujuwan kamardikanipun bangsa Indonesia. Asmanipun dr. Soetomo agenda arum ing madyanipun bebrayan warga Jawa Timur mliginipun lan bangsa Indonesia umumipun. Wiyosipun organisasi Boedi Oetomo minangka tonggak perjuwangan bangsa Indonesia ingkang saderengipun arupui perlawanan fisik gantos dhateng organisasi politik lan diplomasi. Madegipun Boedi Oetomo tanggal 20 Mei dipundadosaken inten pahargyan Hari Kebangkitan Nasional. Perjuwanganipun ingkang nentang keras dhateng penjajahan Walandi dados panutanipun para tokoh nasionalis sanesipun. Sasampunipun Boedi Oetomo madeg, kathah organisasi sanesipun madeg kanthi perjuwangan sami inggih punika kamardikaan bangsa Indonesia, kadosta Sarekat Islam (SI), Indische Partiju (IP), Partai NasionalIndonesia (PNI), lan sapanunggalipun. dr. Soetomo seda kapetak ing Surabaya nalika taksih yuswa 50 warsa. Panjenenganipun dipuntimbali ing ngarsanipun Pangeran rikala tanggal 30 Mei 1938. Jisimipun kasarekaken ing Kompleks Gedung Nasional Indonesia (GNI). Kangge ngurmati jasanipun, pamarentah paring kanugrahan gelar Pahlawan Kemerdekaan Nasional, adhedhasar Surat Keputusan Presiden RI Nomor 657/1961. Kangge ngenang lan ngurmati jasanipun dr. Soetomo, asmanipun dipundadosaken name rumah sakit paling ageng lan paling komplet ing Jawa Timur lan Indonesia Timur, inggih punika RSUD dr. Soetomo Surabaya.

(Sumber: Mengenal Pahlawan Indonesia, Arya Ajisaka, Kawan Pustaka, 2005.)