Kamis, 31 Juli 2014

Petilasan (Petilasan) Beji Sirah coins, Bedingin, Sambit, palace


Petilasan (Petilasan) Beji Sirah Keteng, Bedingin, Sambit, Ponorogo
(Sumber/ Source:Anonim.2014. Petilasan (Petilasan) Beji Sirah Keteng, Bedingin, Sambit, Ponorogo.Dalam Koran Pandhawa, tanggal 2 Juli 2014.)
(Rewritten by/ Diketik kembali oleh: Dimas Erda Widyamarta.2014. please follow blog/ silahkan ikuti blog: www.ithinkeducation.blogspot.com or www.ithinkeducation.wordpress.com)
Ing tlatah Ponorogo, kajaba nduweni reyog dadi seni kang wus kaloka ing jagad raya, uga nyimpen maneka warna seni lan kabudayaan masyarakat. Babagan iku bisa dibuktekake kanthi akehe papan kang kebak nyimpen situs kang dadi alat bukti sejarah. Situs ing kene bisa arupa papan wewangunan, makam utawa bentuk liyane. Awit saka iku redaksi kalawrti Pandhawa ing edisi iki lan sateruse mbabar anane babagan situs utawa pasujarahan.
            Petilasan beji sirah keteng iki ana ing Desa Bedingin, Kecamatan Sambit sakdul wetane Kutha Ponorogo, uda kara 20 kiloan saka alon-alon Ponorogo. Papan iku katelah Beji Sirah Keteng, awit kajaba ana blumbang utawa beji kang saiki diwangun gawe papan pemancingan, ingkono ana wangunan arupa patung sirah keteng kang gedhe banget. “Patung iki, ditemokake wis mataun-taun,” mangkono ujare Pak Bo, kang ditemoni Tabloid Pandhawa ing warung kopi ngarepe papan pasujarahan iki. Malah patung iki mbiyen, nalika tahun 1965-an utawa geger gestok, salah sijine organisasi kepemudaan arep ngejur patung kanthi bodhem gedhe. Sebab dianggep dadi pamujaan lan nyebabake owahe kapercayan marang Gusti Kang Maha Kawasa. Ananging dibodhem makaping ora bisa pecah saking atose watune. Kadadeyan iku dibaleni meneh, udakara rong taunan sawise gestok. Ana wong kang kelangan akale, banjur nggawa bodhem njur dikeprukne ing patung. Ananging masiya makaping-kaping yo ora pecah, mung irunge wa rada cuwil. Patung sirah kang gedhe iku, akeh wong ngarani patung ndhas butho. Dene sapa ing nggawe lan kepriye mula bukane patung, wong ing sakiwa tengene papan petilasan ora ana kang mangerteni. “Awit jaman miyen patung niku nggih mangan ten mriku,” mangkono pratelane wong kang ditemoni Pandhawa. Dene papan iku, saiki dadi papan pasujarahan. Akeh wong saka liya desa malah liya kabupaten kang sering mrono. Dene tujuane uga maneka warna. “Ana kang pingin munggah drajat, ana kang pingin kecukupan uga maneka panyuwunan marang kang Kuwasa, Sirah Keteng, iku mung reca. Nanging papan murih  manteb lan yakine anggone nyuwun, bisa wae manggon ing papan kono,” mangkono ujare Imam Marjuki kepala Desa Bedingin.
Crita Kang Sumebar: miturut crita kang sumebar ing sakiwa tengeni Beji Sirah Keteng, desa Bedingin, patung iku kedadeyan saka ndhas butha kang peparap Prabu Bakah uga sinebut Prabu Baka kang sekti mandra guna saka Kraton Mataram Kuno utawa Kraton Mataram Hindu. Dene miturut Imam Marjuki, Kepala Desa Bedingin nerangake yen miturut dongeng kans sumebar ing Bedingin, Prabu Baka iku mbiyen Senopati ing Kerajaan Mataram Hindu. Dheweke mono sekti mandraguna, ananging kanggo nlanggengke kasektene, Prabu Baka mbutuhke prawan kanggo tumbal. Karana iku, Ratu ing Kerajaan Mataram Hindu ora trima, sahingga adon perang ing alas ketangga kang manggon ana ing sakidul wetane Gunung Lawu.
Uga ana kang ngarani yen Prabu Baka iki seneng mangan manungsa. Akeh para wanita kang isih prawan, ing Jenggala kang dicolong dening Prabu Baka. Karana klakuane kang mangkoo, Raden Bambang Hajar Pranawa utawa Hajar Wilis putra ing Jenggala ora trima. Mula dadi bangga yuda.
Ing papan perang kono, si Prabu Baka kasil kakalahake. Sirah karo gembunge pinisah papan panggone. Sirahe ana ing Beji sirah Keteng lha dene gembunge ing watu pecah kang manggon udakara 15 kilometer saka papan Beji sirah Keteng. Dene benere lan salahe carita kang sumebar saka lesan iki ora ana kang weruh. Ananging crita dongen iki tetep sumebar ing Bedingin sakiwa tengene.